Cari Blog Ini

Kamis, 05 Agustus 2010

RAbine Dasarata


RABINE DASARATA




Mungel Krucilan SL. Wolu. Bedhol kayon Basuki lan Wisnu mudhun saka gegana. gendhing suwuk lajeng ginem.


Basuki :
Adhiku Wisnu coba nyedak'a mrene

Wisnu :
Wonten dhawuh kang mas. Wonten wigatos punapa

Basuki :
Ngene Wisnu, pun kakang karo sliramu di utus ngongak payung marcapada, awit ana gelaring Jaman antara yana. Iki mbesok kaya ngapa kahanane ing Jaman Antara yana- mula Wisnu idhep- idhep ngongak payung marapada kaya ngapa mbesok wekasane

Wisnu :
Menawi mekaten, mangga kakang niti pirsa kahanan wonten payung marcapada

Basuki :
Ayo dhi

Wisnu :
Mangga kakang kula dherek'aken

Mungel Krucilan SL. Wolu. Bedhol kayon Basuki lan Wisnu ngambah gegana. Gumantos jejer negara Madyapura gendhing suwuk lajeng ginem.

Sendhon
Salokane wong amayang
Binarung pra pradangga
Miwah swarane pra waranggana
Swaranya mangayut ayuting jiwa
Kena kaentha isine bawana
Mangayu bagya, Konjuk prapamriksa samya


Prb. Kusuma Dewa :
Patih Kusuma Reja

P. Kusuma Reja :
Wonten dhawuh kaka Prabu Kusuma dewa

Prb. Kusuma Dewa:
Kusuma reja. Ponakanmu iki menyang endi, wong di aturi palakrama kok ora mangsuli gelem apa ora. Malah metu saka kraton tanpa pamit. Mangka kekarepane pun kakang aja nganti anakmu si Dewi Kekayi kawengku dening priya liya mangka kawangku sadulur dewe. Lah nganti saprene putraningsun Dasarata Kok ora bali- bali menyang Kraton Madyapura patih

P. Kusuma Reja:
Lajeng kersanipun kaka prabu kados pundi ?
Prb. Kusuma dewa :
Ngene patih, Sliramu aja wedi kangelan golekana ponakanmu, aja pati pati bali menyang Negara Madyapura yen durung anggawa bali putraningsung Dasarata

P. Kusuma Reja :
Inggih kaka Prabu ngestokaken dhawuh kepareng matur mbenjang napa kula bidhal

Prb. Kusuma dewa :
Mbesok ndadak ngenteni apa, Bebasan peteng sinambung obor bebasan oncara lintang enggal budhal'a

P. Kusuma Reja :
Keparengna kula nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu

Prb Kusuma Dewa :
Tak pangestoni aja kaya bocah sing ati- ati

P. Kusuma Reja:
Sendika mangestoaken dhawuh

Mungel Ayak Kempul Kerep SL. Wolu. Bibar panggung. Sigeg kayon. gendhing suwuk lajeng bedhengan.

Bendhengan
Enjing Bidhal gumuruh
Gumuruhing pra wadya bala
Saking jroning praja
Duk mungap mungup aneng
Sapucaking wukir wus katingal
Wus katingal
Nyoroti mega lan gunung – gunung
Nyoroti mega lan gunung – gunung

Pocapan

Sigra budhal sak nalika P. Kusuma Reja ngembun dhawuhe kaka Prabu Kusuma. Kadherek'aken Wadya bala sakpergada. Sigra pacak gawe pager wentis cinandra kadya ri klampis iwak tanpa sela pambarisan padha sikep badane jurit awujud pedang, ligan, tombak pating tlolang warstra pating crangap cinandra yayah drajag sewu. Regedeg – regedeg lampahing para wadya bala pidho ampyak jalanidi.

Mungel Ayak Kempul Arang SL. Wolu. Ajar Kayon. Medhalaken Patih Kusuma Reja saking tengen nuli tancep siti inggil, Medhalaken wayang prajurit saking kiwa nuli tancep palemahan. gendhing suwuk lajeng ginem.


Bedhengan
Yana Netra Cak Sunaya
drestinya maluncana
Karna Karni suku loro
Wategana dadya sawiji
Suku loro wategana daya sawiji ....O
P. Kusuma reja :
He Para Wadya bala kabeh

Wadya bala :
Wonten dhawuh Sinuwun

P. Kusuma reja :
Anggonku nampa dhawuh saka Prabu Kusuma dewa di utus nggoleki Keponakanku Raden Dasarata mula ayo dherekna lakuku. Ayo Budhal nggoleki Raden Dasarata ayo pada sembadan aja bali- bali yen durung bisa nggawa R. Dasarata menyang Madyapura

Wadyabala (1,2) :
Inggih mangestoaken dhawuh

Mungel Ayak Kempul kerep SL. Wolu. Bibar panggung. Siretan kayon. P. Kusuma reja medhal manengen. gendhing sirep lajeng pocapan.

Pocapan
Kacarita, Kebat lampahe patih Kusuma reja saonjotan sampun ngancik madyaning Wana pinanggih ingkang putra kulunan Raden Dasarata.

Gedhing Wudar. Ringgit sami papagan. Gendhing suwuk lajeng bedhengan.

Bedhengan
Bangun salindri seyana
Wis kawengku, wong anom nyandaka langit
Dadya jalma utama
Sujang sumuning ndriya
Yana sujang suming ndriya


R. Dasarata :
Paman patih kusuma reja

P. Kusuma reja :
Raden wonten wigatos punapa pun raden wonten papan mriki den keng rama sampun ngrantos sowaninpun raden Dasarata. Mangga raden kula aturi kondur dhateng negari Madya pura

R. Dasarata :
Mboten pama kula mboten badhe wangsul dhateng Negari Madyapura menawi deren kagayuh apa kang dadi kekajengan kula

P. Kusuma Reja :
Mangga raden dinten mangke awrat kula nampi dhawuh. Dados purun mboten purun kedah kula dherekaken kondur dateng Negari Madya pura

R. Dasarata :
Menawi kula mboten kedah purun kados pundi paman?




P. Kusuma Reja :
Menawi mekaten bakal kula ruda pari peksa. Amargi kula menika sampun di wanti- wanti kaliyan keng Rama Prabu Kusuma Dewa aja wanti- wanti bali yen ora karo Raden Dasarata. Mula anggenipun pama najak bangsul menyang Madyapura dipun tampik kaliyan Raden Darasata. Bebasan kudi kula sembadani ngamuk kula kembari suwala kula pikut asalipun raden Dasarata

Bedhengan

Dhadha muntab lir kinetab
Netra kocak ngondar- andir
Idhepnya mangala cakra, Mrebabak wadana pindha kembang worawarimbang
Mrebabak abang ponang kembang wora warimbang

P. Kusuma Reja :
Raden sampun kula ajak wangsul ndamel cara alus ora kena. Mula aja salahipun paman yen paman Ruda paripeksa, Bebasan sewu cara Paman Lampahi kangge mbangsulaken raden dhateng Negari Madyapura

R. Dasarata :
Mangga menawi paman saget ngansoraken yudane Raden Dasarata. Pun klampahan paman saget mbangsulaken raden Dasarata

P. Kusuma Reja :
Tak Leboni sayembaramu !

Mungel Ayak Kempul Kerep SL. Wolu. Ringgit perang sawetawis. Patih Kusuma reja kalah. gendhing sirep lajeng ginem.

P. Kusuma Reja :
Nyata digdaya Raden Dasarata dhidikan Kaka Prabu Kusuma dewa. Yen anggonku perang karo raden Dasarata bebasan perang ambal kaping 27 ora bakal bisa aku menang. Yen mangkana aku ngaku kalah. Nanging aku ora bakal bali menyang Negara Madyapura yen durung kasembadan apa sing dadi kekarepanku. Tak ewangi sarana tapa ing perenge Khayangan SetraGandamayit meminta dhateng sang panguwasane Setra Gadamayit supaya kasembadan apa kang dadi kekarepanku.

Gendhing Wudar. P. Kusuma reja kaentas mangiwa. Gendhing Suwuk lajeng pocapan





R.Dasarata :
Ayo wa Semar ayo dherekna lakuku menyang pertapan Petung Cundri


Semar :
Eh sumawi gus kula dhereaken ayo gong melu'a

Bagong :
Sut, Koen nang omah ae yo engko lek onok wong golek'i bapak omongono mulihe ga ngerti, Engko tak gawakno ibu anyar yo


Besut :
Iyo mangke tak gawakno golok

Pocapan

Nengna ingkang lagya nggayuh kekajengipun Putra Nata Negara Madya pura nilaraken klampis ireng. Ingkang kekasih Raden Dasarata atmajane Prabu Kusuma dewa kadherekaken wulucumbu loro perkawis Semar lan Bagong. Raden Dasarata anggenipun anggayuh kekajenganipun ingkang raka memonang menanung ibarat ora ngerti keblat yen sampun wonten telengin ing pertapan petung cundri



Sendhon

Madhaping Tengahing Ratri
Candra lan kartika wus sumebaring tawang
Sumunar ayunari ayunari bawana
Swasana sidhem premanem
Jagad tan ana ngalisik kang kapyarsa amung kukila


Janturan

Nenggih to ingkang mapan wonten dampok Pertapan Petung cundri. Ingkang kalenggahan mangke sampun lenggah sang Hambeg pandhita, Apreparab Begawan Kayat. Kaadhep ingkang putra kekalih dewi Raguwati lan Lesmodari mboten dangu keng putra matur dhateng begawa kayat. Mangkana ta apa kang dumadi kekarepane. Beg kayat : He anakku ngger Raguwati lan Lesmadari kono – kono ngger kepenakna anggonmu matur ana ngarsaku


Bendhengan

Juning meru manggarulaya
Ulatana pundi kuthanya
Kidul wetan tlatahnya mangendra laya
Sumyak sumyuk'e wong ngudang elmu rasa
Sumyuk;e wong ngudang elmu rasa


Beg. Kayat :
Anakku ngger lerenana anggonmu munangis, kabeh iku mau wis kresane Hyang Widi. Manungsa amung bisa nglakoni

Dewi Raguwati :
Kanjeng rama menawi mekaten kula nedhi pejah kemawon mila saget kula ngladosi wujud kewan gajah lan yayi lesmodari ngladosi wujud peksi Garuda. Kamangka kula niki manungsa kedah kawengku kaliyan Manungsa. Apa lumrah Manungsa jatur palakrama kaliyan sato kewan pundi kaadilanipun Jawata Rama

Beg. Kayat
La – ing ngarep wis dak kandhakna ngger yen manungsa mung bisa nglakoni Sumarah mring gusti. Gusti iku murah asih ning adil ya ngger

Pocapan

Kacarita, dreng dangu anggenipun Beg Kayat mawan rembag kaliyan putra kekalih. Kesaru, tekane raden Dasarata kagyat sang Maharesi.

Bedhengan

Ana pandhita akarya wangsit
Pindha kembang ajrahing tawang
Golekana susuhing angin
Endi nggone galihe kangkung
Titik'e tapak kuntul angalayang

Beg. Kayat :
Manggko- mangko dhisik Raden yen anggonku ndeleng praptamu kaya – kaya bocah bagus sejatine sliramu sapa raden.

R. Dasarata :
Inggih panembahan kula Raden Dasarata sang wiku saking Madyapura Atmajanipun kanjeng rama Kusuma dewa

Beg. Kayat :
Lha dalah ora nyana ora ngira sliramu dudu wong liya, Sak temene aku iki Pamane eyangmu Arjuna Sasrabahu ya aku Raden Gumiatmaja

Bagong :
Wah iyo ta ma beg yatimin,eh kayat iku sak dulur dhewe?

Semar :
Ee iya le apa sliramu wis pangling, Gumiatmaja iku adhine Raden Kertawirya. Patih'e Ndaramu Arjuna Sasrabahu nah Sasrabahu iku nduweni putra Raden KusumaCitra, Kusuma Citra nduweni putra Kusumawati, Kusumawati nduweni putra Kusuma peksi, lah Kusuma Peksi nduweni putra Kusuma dewa, Kusuma reja lan Kusuma reksi. Nah Raden Dasarata iku putrane Prabu Kusuma dewa gong lak ngono a le

Bagong :
Eh iyo mo pangling hare wis nganti tuwa kaya ngono

Beg. Kayat :
Putuku Raden Dasarata wonten wigati napa den kok sowan wonten Pertapan Petung Cundri?

Dasarata :
Kula kepireng tembang rerawatan. Yen kanjeng eyang mados satriya ingkang nglebeti sayembara

Beg. Kayat :
Inggih putuku kula gadhah sayembara, reh dene anak kula Raguwati lan Lesmandari niki dipun lamar kaliyan kewan ingkang awujud gajah lan garuda. Pundi wonten manungsa badhe dipun garwa kaliyan kewan. Anak kula kedah muwun kemawon nganti aboh wungkul mripatepun. Mula putuku eyang suwun Pepadhang dhateng raden Dasasarata sageta ngicali seserak ing pertapan Petung cundri. Eyang badhe ngaturaken ingkang putra kekalih. Dewi Raguwati lan Lesmadari, Sokur bage putu wisuda lan sliramu gan plih kemukten dadi ingkang garwa.

R. Dasarata :
Inggih menawi mekaten kula badhe nglebeti sayembara menika kanjeng Eyang

Beg. Kayat :
Mangga putu mangga dipun tindakaken

Raguwati :
Inggih raden kula nyuwun tulung saestu raden

R. Dasarata :
Inggih kusumaning wong ayu, kula nyuwun pamuji

Raguwati :
Inggih raden kula puji aken

Lesmadari :
Inggih raden kula puji aken

Beg.Kayat :
Ati – Ati putu

Mungel ayak Kempul kerep Sl. 9. Raden Dasarata kaentas mangiwa. Ringgit sami kabedhol. Gedhing sirep lajeng pocapan

Pocapan

Anggenipun Raden Dasrata nampa dhawuh saking beg kayat sigra jengkar bidhal menyang pacrabaan Petung Cundri. Ing Pacrabraan petung cundri wonten Gajah lan garuda ingkang aran Gajah jalma lan adhine Garuda jalma, Ingkang lagya hanengga keputusan saking Begawan Kayat.


Bedhengan

Gagan pananganan
Sira adusa ing bayu gobes
Buntutnya anceta- ceti
Mripatna handulu esti


GajahJalma :
Adhiku di Garuda Jalma

Garuda Jalma :
Wonten dhawuh kakang gajah Jalma

Gajah Jalma :
Iki kaya ngapa keputusane begawan kayat di trima apa ora, Sawatara anggone aku lan si adhi mapan ana Pacrabaan kok durung antuk keputusan. Yen pancen lamarane ora ketrima ayo diobrak- abrik Pertapan Petung Cundri kene

Pocapan

Kacarita, Dereng dangu anggenipun Gajah jalma lan Garuda jalma wawan rembag. Kesaru tekane raden Dasarata kadherekaken Semar lan bagong

Bedhengan

Angkawijaya sekar tinulis
Wong mertapa lari mring putranya
Sanggup nigas jangga
Ganjarannya pinanggih wingking
Yana ganjarangnya pinanggih wingking. O


R. Dasarata :
Ana Gajah lan Garuda sak gubuk penceng. He Gajah lan garuda siro sapa?

Gajahjalma :
Aku Gajah jalma lan iki adhikku Garuda jalma bali sapa kekasihmu ?

R. Dasarata :
Putra Madyapura Raden Dasarata Kekasihku.

Gajahjalma :
He Dasarata apa kekarepanmu mrene ?

R. Dasarata :
Gajah jalma yen aku saget piweling sarana alus, aku nampa dhawuh saka begawan kayat diutus nyirnakna sira sakloron mula aku suwun sira sumingkira saka pacrabaan kene amarga yayi Raguwati lan Lesmondari iku calon garwaku

Gajahjalma :
Lha dalah he adhiku Garuda jalma iki ana wong ngaku- ngaku garwane Raguwati lan lesmondari

Garuda Jalma :
Yen kaya mangkana he Dasarata tak jaluk calon Garwamu

R.Dasarata :
Ya yen bisa nyempal baune raden Dasarata mbedah dadane putra Madyapura Kelakon bisa mboyong Raguwati lan Lesmondari

Gajah jalma :
Dasarata aja ngangep sliramu paling sekti wus akeh satriya sing gugur amarga gadhing ku uga tajine adhiki Garuda jalma

R. Dasarata :
Ayo wani wanenana yen ora wani ayo enggal sumingkira saka Pacrabaan kene

Gajahjalma :
Ya ayo dhi

Garudajalma :
Inggih kakang kula majeng rumiyin

R. Dasarata :
Wa semar lan bagong aku suwun mundura saka palagan perang

Semar :
Inggih ingkang ngatos- ngatos gus

Mungel ayak Kempul kerep Sl. 9. Ringgit Sami perang. Raden dasarata kalah. Gedhing suwuk lajeng ginem

Dasarata :
Wa semar kaya ngapa aku wus kalindih ing jurit lawan gajah jalma lan garuda jalma

Semar :
Inggih raden, sampun dipun entasi sarana tosing balung kandele kulit kencenging otot. Sumawi enggal – enggal tumindak inggih menika mungkasi damel.

Dasarata :
Kaya ngapa carane wa semar, aku kudune kaay ngapa wa Semar?

Semar :
Lah panjenengan menika satriya kok malah tangglet kaliyan kula, menawi satriya menika kados pundi?


Pocapan

Tanggap sang raden dasarata enggal menthang langkap mangking jumparing tindhih kasatriyan Madya pura. Pindha thathit mlajengipun ponang jemparing.Katrajang jumparing tindhih kesatriyan Madyapura kena dhadhane Gajah jalma lan Garuda Jalma pejah saknalika badar awujud Sri Bathara Wisnu lan Bathara Basuki.


Mungel Alap- alapan Sl. 9. Raden Dasarata lumepas jemparing. Gajah jalma kena jumparing badar, Garuda jalma kena jumparing badar. Medhalaken ringgit Bathara Basuki lan Bathara wisnu. Papagan kaliyan raden Dasarata . Gedhing suwuk lajeng bendhengan

Bendhengan

Sang hyang mayang dewa tumuruna
tumuruna mring kutha lawean
Nyiksenana tempuking pra pandawa
Ing madyane tegal kurusetra


Bathara Wisnu :
Titah ulun ngger Dasarata

R. Dasarata :
Duh pukulun kula nyuwun pangapunten, kula mboten mangertos yen Gajah jalma lan Garuda jalma menika pukulun Bathara Wisnu lan Basuki


Bathara Wisnu :
Wis ulun sepurani jeneng kita Raden Dasarata

R. Dasarata :
Pukulun wonten wigatos punapa pukulun kok memba – memba dumados Garuda jalma lan Gajah Jalma

Bathara Wisnu :
Titah ulun Dasarata, mula bukane ulun memba- memba Gajah jalma lan Garuda jalma ulun menika di utus sang rama Bathara Guru kanggo saperlu ngungak payung Marcapada amarga ana gelaring Jaman Antara Yana, Wis ngger ulun bakal bali menyang khayangan. Dasarata tampanana ganjaranira wujuding dewi Raguwati lan Lesmodari

R. Dasarata :
Inggih pukulun mangestoaken dhawuh

Bathara Wisnu :
Wis ngger enggala bali menyang pertapan Petung Cundri boyongen dewi Raguwati lan Lesmondari. Wis ya ngger Ulun pamit bali menyang Khayangan Suralaya

R. Dasarata :
Sumawi mangga pukulun


Mungel ayak Kempul kerep Sl. 9. Bathara Wisnu lan Basuki kaentas mabur manengen. Raden Dasarata kaentas mangiwa. Kayon sinaretan. Medhalaken Beg. Kayat saking tengen kairing Lesmondari lan Raguwati. Medhalaken ringgit Dasarata saking ngiwa . Gedhing suwuk lajeng ginem

Bendhengan

Bang bang wetan wus ketingal
Sumunaring mendung petak
Yen cinandra kados nenging ndriya
Bang bang wetan wus ketingal ... O


Beg. Kayat :
E..... Raguwati lan Lesmondari sokur bage ngger sliramu bakal antuk priya sing mbok nggegeri. Saka negara Madya pura putra Prabu Kusuma dewa Raden Dasarata. Putuku Ngger kula nderek nitip putra kula kekalih dewi Raguwati lan Lesmondari niki lare dusun, lare wonten lengkehe gunung menawi panjenengan boyong dhateng Madyapura kedah panjenengan wucali subasita patrap wonten kedaton merika

R. Dasarata :
Inggih sang Begawan menawi mekaten kula nyuwun tambahing pangestu awit dina iki dewi Raguwati lan Lesmadari badhe kula boyong dhateng Negari Madyapura

Beg. Kayat :
Nggih raden mugi mboten amung bojo sageta dados jodho

Dasarata :
Dewi Raguwati lan yayi Lesmondari ayo boyong dhateng negara Madyapura

Raguwati:
Rama kula nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu Rama

Beg. Kayat :
Ya ndak pangestoni nanging aja nganti lali karo pertapan kene ya !

Lesmondari :
Rama kula uga nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu

Beg. Kayat :
Iyo tak pangestoni enggala mangkat

Mungel ayak Kempul kerep Sl. Serang. Ringgit sami kabedhol. Sinaretan kayon. Medhalaken Dasamuka saking ngiwa. Nuli tancep. Gedhing suwuk lajeng ginem

Dasamuka :
Lah dalah dewi Sri Widowati ana ngendi. Sejatine dewi Sri iki wis manitis ana ngendi. Aku durung lega yen durung katemu karo dewi sri. Lha dalah tak sawang saka adohan kok kaya dewi Sri iku tak papag'e

Pocapan

Kacarita, Dasamuka sigra ngadang lakunira raden Dasarata ingkang mboyong dewi Raguwati lan Lesmondari. Kagyat raden Dasarata

Bendhengan

Sumunaring sang dewangkara
Anyoroti mega lan gunung gunung
Binarung ocehing kukila
Yen kapryarsa gawe nge-ing driya


Dasamuka :
Lha dalah iki Dewi Sri iki, Yen kaya mangkana he raden tak jaluk garwamu

Dasarata :
Wruhana yen iki dudu dewi sri nanging calon garwaku dewi Raguwati lan Lesmondari

Dasamuka :
Goroh.... Dasarata tak jaluk dewi Raguwati lan lesmondari. Amarga dewi Sri iku manjing ana ing dewi Raguwati lan Lesmondari

Dasarata :
Ora bakal tak longna marang sliramu awit dewi Ragu wati lan Lesmondari iku calon Garwaku. Yen bisa medhot janggane Dasarata nyempal baune putra Madyapura kelakon bisa mboyong dewi Ragu wati lan Lesmondari

Dasamuka :
Lha dalah

Mungel Alap- Alap Sl. Serang . Ringgit sami perang. Dasarata kalah. Badhe perang malih mendhalaken Bathara narada saking tengen. Gedhing suwuk lajeng ginem


Narada :
Mangka- mangka dhsik ngger. Alon – along ngger Dasamuka kliru sliramu ngger. Duduk- duduk iki dewi Ragu wati lan Lesmondari dudu tanggale Sriwidowati. Durung titi wayah taritis entenana sadina maneh mrepeg- mrepegi bakal ana gelaring Jaman Antara yana. Ya ing tengah- tengahing jaman Antar Yana dewi Sri widowati bakal manitis ana salah sawijining wanodya.

Dasamuka :
Lah menika sinten pukulun

Narada :
Dewi Raguwati lan Lesmandari iku tanggale Srinandi iku garwane Dasarata ngger

Dasamuka :
Lah Dewi Sri?

Narada :
Duduk- duduk ngger. Duduk sliramu kliru ngger

Dasamuka :
Inggih pukulun menawi mekaten kula badhe madosi dewi Sri widowati. Kula pamit

Narada :
O .... Iya ngger golek ana dewi Sriwidowati


Mungel ayak Kempul kerep Sl. Serang. Dasamuka kaentas mangiwa.Narada nuli tancep siti inggil tengen. Gedhing sirep lajeng ginem

Narada :
E..... Dasarata wis boyongen ngger jeneng kita ngreksa dewi kalih sing ati- ati awit jeneng kita bakal jejuluk Nalendra muda ana ing Negara Madyapura

Dasarata :
Sendika mangestoaken dhawuh pukulun

Narada :
E... Raguwati lan Lesmondari kene ngger iki garwamu raden Dasarata . Dasamuka wus sumingkir yen pancen temen- temen iki garwamu mrinia ngger pun ulun nyekseni ngger

Raguwati :
Duh kakang dasarata

(Tancep Kayon )

1 komentar:

  1. Assalamualaikum Salam sejahtera untuk kita semua, Sengaja ingin menulis
    sedikit kesaksian untuk berbagi, barangkali ada teman-teman yang sedang
    kesulitan masalah keuangan, Awal mula saya mengamalkan Pesugihan Tanpa
    Tumbal karena usaha saya bangkrut dan saya menanggung hutang sebesar
    1M saya sters hampir bunuh diri tidak tau harus bagaimana agar bisa
    melunasi hutang saya, saya coba buka-buka internet dan saya bertemu
    dengan KYAI SOLEH PATI, awalnya saya ragu dan tidak percaya tapi selama 3 hari
    saya berpikir, saya akhirnya bergabung dan menghubungi KYAI SOLEH PATI
    kata Pak.kyai pesugihan yang cocok untuk saya adalah pesugihan
    penarikan uang gaib 4Milyar dengan tumbal hewan, Semua petunjuk saya ikuti
    dan hanya 1 hari Astagfirullahallazim, Alhamdulilah akhirnya 4M yang saya
    minta benar benar ada di tangan saya semua hutang saya lunas dan sisanya
    buat modal usaha. sekarang rumah sudah punya dan mobil pun sudah ada.
    Maka dari itu, setiap kali ada teman saya yang mengeluhkan nasibnya, saya
    sering menyarankan untuk menghubungi KYAI SOLEH PATI Di Tlp 0852-2589-0869
    agar di berikan arahan. Supaya tidak langsung datang ke jawa timur,
    saya sendiri dulu hanya berkonsultasi jarak jauh. Alhamdulillah, hasilnya sangat baik,
    jika ingin seperti saya coba hubungi KYAI SOLEH PATI pasti akan di bantu Oleh Beliau

    BalasHapus