Cari Blog Ini

Rabu, 04 Agustus 2010

“Gugure Raden Megananda/ Indrajid”



Mungel ayak kempul arang SL. Wolu. Kayon kabikak Indrajid medal ringgit tancep tangan sedhakep, saking raga indrajid medhalaken wayang Dasamuka, ringgit dasamuka kumelayang pertanda bayang bayang gendhing sirep lajeng ginem.


Dasamuka :

Indrajid ora pantes dadi anak'e Dasamuka satriya rucah. Jirih getih wedi mati kaya getun aku anak- anak Indrajid. Dhelengen adik- adikmu pada gugur bebela marang wong tuwa ndudukna bektine marang Rahwana. Sliramu iki anak mbarep, Jid. Ning tanpa guna aku nggedhekna dhapuramu.



Mungel ayak kempul kerep SL. Wolu. Indrajid kaya kaget, Indrajid tancep siti inggil gedhing suwuk lajeng ginem.



Indrajid :

Lha dalah kaya- kaya aku krungu swara ora mokal iku swarane kanjeng rama. Nanging yen dak rasakna cetha rama ngangep aku satriya rucah jirih getih wedi mati. Ya yen kaya mangkana kanggo nduduhna darma bektiku marang wong tuwa aku tak maju perang. He Rama wijaya entenana tak tugel gulumu tak kokop getihmu.

Pocapan


Kacarita raden Indrajid gya nitih kreta Manikmaya. Ginelak lampahing kreta ngambah gegana, manjing palagan dana aluran. Kridane kreta Manikmaya nrajang barisane para wanara, satemah bubrah. Mawut barisaning para pragusa.


Mungel ayak kempul kerep SL. Wolu. Indrajid numpak kreta manikamaya kaentas mangiwa. Mabur dirgantara nabrak barisan wanara. Medhalakan wayang Anila saking tengen. Ringgit sami papagan gedhing suwuk lajeng ginem.


Bedhengan


Yana indrajid mara gelis

nindakna dhawuhe kang rama

nitih kreta manikmaya

mbrasak barisane para wanara

Nganti tumekaning lena




Indrajid :

Lha dalah iki ana kethek sapa sliramu? Apa ya wadyabalane Rama Wijaya?


Anila :

Ya aku raden Anila abdine gustiku Sri Bathara Rama bali sira sapa?


Indrajid:

Putra Nata Negara Ngalengka diraja anak Dasamuka Indrajid jenengku


Anila :

Sara amuk apa karepmu?


Indrajid :

Nugel Gulune Sri Bathara Rama lan Lesmana


Anila :

Keparat (Gadhingan) Mbosen urip Indrajid kelakon bisa nugel Janggane ndaraku Prabu Sri Bathara Rama yen bisa ngelangkahi bangkeku


Indrajid:

Dak pelontos bunthutmu kethek



Mungel ayak kempul kerep SL. Wolu. Ringgit sami Perang. Anila kalah banjur kasipataken Indrajid. Indrajid medal saking ngiwa ngasta jumparing Trimargana. Sigra lumepas jemparing gedhing suwuk lajeng ginem.


Wibisana :

Wah ora pangling iki Indrajid sing maju. Oh, nyata lali marang wanti- wantiku Indrajid sliramu. Ta ngayat pusaka, yen ora tak balekna wah cilaka wadya bala pancawati



Pocapan


Kacarita Gunawan Wibisana ngeningaken panca indriya. Sigra ngalepasaken Pusaka Tindhih tandha waru ingkang arupi Umpak Suku Dhomas. Pido mlesat kaya kilat . Nemper Trimargana sakala tugel dadi tigawarna.


Mungel ayak kempul kerep SL. Wolu. Wibisana lumepasing jemparing natap jemparinge indrajid. Trimargana pecah saknalika. Ringgit sami papagan. Gendhing suwuk lajeng ginem.



Bedhengan


Ana Padhita akarya wangsit

Pindha kembang anjrahing tawang

Golekana susuhing angin

Ndi nggone galihing kangkung

Titik'ane tapak ing kuntur anglayang




Wibisana :

Indrajid


Indrajid :

Paman, kula ngaturaken sembah sungkem pangebekti konjuk sahadaping pepada paduka kanjeng pama Wibisana


Wibisana :

Ya nger tak tampa pangebektimu ora liwat pangestunepun paman tampanana


Indrajid :

Inggih mugi – mugi dados jimat selaminya agesang


Wibisana:

Indrajid apa sliramu lali pawelinge paman?


Indrajid :

Nuwun inggi mboten paman


Wibisana :

Kaya apa, ngger?


Indrajid :

Kula mboten dikepareng mengsah sri Bathara Rama dhateng Danalaga Danaaluran dening kanjeng paman


Wibisana :

Lah saiki buktine sira kok maju perang?


Indrajid :

Kula menika dipun utus kanjeng rama paman.


Wibisana :

Indrajid, ngertenana Rama iku sejatine tanggale Bathara Wisnu mangka Bathara Wisnu iku dewaning pangayoman yen sliramu nganti wani musuh dewaning pangayomat ngalamat neraka panggonanmu. Nanging yen sliramu ora maju bakal didukani Ramamu nadyan di Prawasa Pribasane swarga badhang pangonanmu.


Indrajid :

Inggih paman kula mangertos


Wibisana :

Aja maju maneh ya ngger. Indrajid ( ngrangkul indrajid )


Indrajid :

Wonten napa paman?


Wibisana :

Sira iki anakku jid


Indrajid:

Inggih paman


Wibisana :

Duk nalika semana aku muja saka mega abang tanggale Bambang Sumantri mula aku maringi jeneng Raden Megananda. Dadi sak temene sira dudu anak prabu Dasamuka nanging Gunawan Wibisana. Mula yen sira wus mangerteni bab iki ngger aja maju ya. Apa sira tega keng Rama ndeleng anak mati sia- sia ing palagan perang.


Indrajid :

Inggih paman ingkang putra mboten majeng malih


Wibisana :

Temen ya ngger?


Indrajid :

Inggih paman kula janji


Wibisana :

set singset tali agel sabda brahmana Raja. Sabdane Pandhita lan ratu iku ora kena among wola- wali sepisan dadi. Wis bali'a nak Bumi kang kok idhek iki aku paringi tanda arupa rajah ora ana dalan liya menyang Danaaluran kejaba lewat dalan iki. Mula ngger yen sliramu nganti mblenjani janji lan ngelewati rajah iki bakal apes njroning sliramu maju perang


Indrajid :

Inggih paman kula pamit wangsul dhateng Ngalengka. Nyuwun tambahing pangestu paman


Wibisana :

Ya ngger tak pangestoni sing ati- ati. Pun paman bali dhisik menyang dalem suwelagiri


Indriajid :

Mangga paman

Mungel Krucilan SL. Wolu. Ringgit sami rangkulan. Indrajid kaentas mangiwa Wibisana kaentas manengen. Indrajid medal saking tengen tancep gedhing suwuk lajeng ginem.


Indrajid :

Lha dalah paman Wibisana wis paring piweling marang aku supaya aja nganti bandayuda klawan Sri Bathara Rama. Mangka kanjeng rama ngutus aku merjaya Sri Bathara Rama. Hemmm bingung rasaning atiku. Ngendi sing tak gugu. Mangka kanjeng paman ngendika yen aku iku putrane, nango dhasar apa?, yen nyata aku anak'e paman Gunawan Wibisana nanging sak ngertiku aku iki di nggulawentah kanjeng rama Dasamuka, kewuh naya yen aku ora mituhu marang dhawuhe kanjeng rama Dasamuka. Tegese aku ora bakti lan bales budi marang wong tuwa. Ya wis gilig tekadku Indrajid tetep ngrabaseng perang lawan Bathara Rama.



Ringgit sami bedol. Sigeg kayon lajeng mungel gending duda bingung sirep lajeng Semar ginem” Oh ndara kula bagus kok kados tiyang bingung menika wonten menapa den. Bilih wonten lepate semar kula nyuwun pangapunten den” gending wudar lajeng ginem



Semar:

Eae Lae den kok mboten kersa paring dhawuh, enggala matur nden menawi wonten lepate ingkang abdi mugi'a kersa paring pangapura. Eh gong ndaramu kena apa le kok meneng ae?


Bagong :

Mbuh ma aku ya ora eruh hare ma coba takonana ma


Semar :

Kok ga koen ae gong?


Bagong :

Sing tuwa loh ma Cek manjur ngono


Semar :

Ee iya nak




Mangke ru miyin ndara kula


Ndara kula Lesmana dewa kembang biru mungguhing pager


Mboten langkung yen enten lepate kang Abdi


Mugya kersa paring pangapura



Lesmana :

Kakang Semar sing gedhe pangapuramu dene menengku gawe sumelange kakang semar


Semar :

Mboten napa napa ndara wonten napa gus kok kados- kados wonten ingkang dados awerate pamikir


Lesmana :

Kakang, raden Wibisana kok medal tanpa pamit nganti wayah ngene ora bali apa maneh Ngalengka wis antuk Senapati panggantine Prahasta apa kelakon kakang Rama bisa gugur amarga Anila matur yen Senapati menika sakti sanget


Semar :

Eae den pun gagas sing werna- werna. Cobi tanglet dateng ndara Anoman kemawon mbok menawi ngertos.


Lesmana :

Anoman apa sliramu ngerti Raden Wibisana menyang endi?


Anoman :

Nyuwun pangapunten raden ingkang abdi mboten ngertos punapa- punapa


Pocapan


Kacarita, durung dangu anggennya Lesmana lan Anoman wawan rembag kesaru praptane Wibisana saking Dana aluran.



Mungel Krucilan SL. Wolu. Wibisana medal saking ngiwa gedhing suwuk lajeng ginem.


Lesmana :

Raden Wibisana saking pundi Radeni kok ora pamit medal saking dalem Suwela giri


Wibisana :

Nyuwun pangapunten Raden Lesmana. Kula menika pirsa kawontenan ing Dana Aluran


Lesmana :

Yen kaya mangkana aku nyuwun pawarta, sinten ingkang dadi senapatine Ngalengka?


Wibisana :

Inggih menika anak kula Mengananda nggih Indrajid raden . Kala wau sampun kula amitaken weling supados mboten majeng malih dateng payudan. Nanging pangapunten raden ingkang putra mboten mituhu atur kula. Mula Ki Anoman Bengi iki supaya ngutus para wadyabala Wanara tata siyaga. Awit anak kula gadhah pusaka Bramakala lan Nagapasa. Mangka Bramakala menika dayane saget nyedot getihe tiyang kang ngasta gaman Ladhep mula para wanara sabisa- bisa mbuwang gamane lan gumantos gaman kang mboten landhep supados mboten wonten kurban amargi dayane Bramakala.


Anoman :

Yen kaya mangkana ayo raden pada'a siyaga


Bagong :

He para bala Wanaraaaaaaaaaaa aja pada ana sing turu, Padaaaa Siyagaaaa ya lek kopine kurang ngomongo




Bendhengan



Juning meru manggaru laya ulatana pundi kuthaya

Kidul wetan tlatahnya mangendrolaya

Sumyak sumyuke wong ngudang elmu rasa

Sumyuke wong ngundang elmu rasa O


Mungel Ayak SL. Sanga. Ringgit sami kabedhol. Kayong sinaretan mangiwa. Medalaken ringgit Indrajid saking ngiwa ngasta gaman Nagapasa. Gendhing sirep lajeng ginem


Indrajid :

He .Naga pasa


Nagapasa :

Klukulululukulk


Indrajid :

Iki ana pakarya apa sira saguh?


Nagapasa:

Klulukulululku


Indrajid :

Ya yen sira saguh. Aku njaluk tut wuri. Kaya ngapa carane aku njaluk patine Sri Bathara Rama, tak jampangi saka Dalem Mitukung apa sliramu ngerti?


Napasa:

Klululukuluku


Indrajid :

Ya tak pangestoni enggal mangkata


Mungel Ayak SL. Sanga. Naga pasha kaentas manengen. Indrajid kaentas manengen. Gendhing suwuk lajeng ginem.


Pocapan

Gantya kang winuwus kawuwusa. Ingkang wonten patunggon pasangrahan suwela giri Pinuju sang Prabu Sri Bathara Rama lelengahan tan kayana dhumawahin sekar pusaka kawujudanipun naga pasa.


Rama :

Duh kembang cempaka yen kaya ngene kelingan garwaku Sinta yen dheleng kembang cempaka senenge iba- iba Sinta mbok ndang bali'a menyang Ayodya yayi.


Pocapan


Sri Bathara rama sigra angelaki sekar cempaka. Cinandak, arsa den laras. Babar Sejatine wujud pusaka Naga pasa. Natab dadane Sri Bathara Rama tembus walikat. Ambrug saknalika sang Bathara rama. Geger pesangrahan suwelagiri.


Mungel Ayak SL. Sanga. Sri Bathara rama nyandak kembang banjur kembang dumados Nagapasa lan natab dadane Ramawijaya. Kawedhalaken ringgit Lesmana, Anoman, Wibisana, lan Sugriwa saking tengen. Gendhing suwuk lajeng ginem



Sendon


Sumedhoting pandoming tyas

Kadya kaliyanging ron

Kadya kaliyanging ron kang kasiliring samirana

Wasing tyas, Pidha sinaber thatit

Mangkana alon nggenya amuwus



Lesmana :

Duh, Kakang Rama


Anoman :

Duh sinuwun kok kados mekaten, kula nderek pejah sinuwun


Wibisana :

Sinuwun, kok saget kados mekaten sinuwun


Sugriwa :

Wis aja kaya bocah cilik, kaya dudu wong lanang padha nangis. Cetha Iki salahe Anoman


Anoman :

Salah kula wonten pundi paman?


Sugriwa :

Ngertenana Anoman. Ana dom seluruping banyu ana jati sumusuping luyung


Anoman :

Kok ngoten paman?


Sugriwa :

Sliramu iki gawe cilakane para wadya bala Pancawati. Wong jeneng Musuh kok mbok gawa mrene, Musuh ya musuh. Musuh yen di dadikna kanca ya kaya ngene iki dadine gawe cilakane sinuwun Bathara Rama.


Wibisana :

Mboten..... Ndara patih kula menika manteb ing sanubari mbela dhateng gusti kula Sri bathara Rama. Kula trima mboten dianggep kaluwarga dening para kadang kula ing Ngalengka menika mung kangge ngabdi marang Gusti ku Sri bathara Rama


Sugriwa :

Ah goroh iku, Yen pancene sliramu setya marang bendaramu, dak jaluk sliramu gelem tanggung jawab. Nganti bendaraku ora bisa waras kelakon tak gantung sliramu


Wibisana :

Inggih ndara patih kula sanggup, Ki Anoman


Anoman :

Inggih wonten dhawuh?


Wibisana :

Sira enggala menyang gunung Mahendra golekana ron Lata Mawa Sandi


Anoman :

Yen kaya mangkana aja nganti Kadaluwarsa. Aku budhal


Mungel Ayak SL. Sanga. Anoman kabedhol kaentas manengen. Ringgit sami kabedhol. Medhalaken anoman saking tengen. Gendhing suwuk lajeng ginem


Anoman :

Wah Endi Ron lata mawasandi gunung Mahendra sakmene ambane. Aku kok ya lali ora takon ron Lata Mawasandi kaya ngapa bentuk'e. Yen ngono tinimbang salah lan aku bola – bali menyang gunung mahendra tak gawane sak gununge.


Pocapan


Mau ta mangkana sang Anoman kewohan pakewuh anggenipun ngupadi ron lata mawasandi. Ampun ngantos kalintu. Gunung Mahendra wani kabetha dhateng Sela Panyuwagiri.

Mungel Ayak SL. Sanga. Anoman Mbedhol kayon kaentas manengen. Medhalaken ringgit Wibisana saking tengen kapapag anoman saking ngiwa mbeta kayon. Gendhing suwuk lajeng ginem


Wibisana :

Ki Anoman, kok mbok gawa sak gununge ki ?


Anoman :

Inggih tinimbang kalintu kula betha sak gununge. Mangga jenengan pendhet ron Lata Mawasandi menika ingkang pundi?


Wibisana :

Iki ki kang diarani Ron LataMawasandi. Ya aja nganti kadaluwarsa mara gage mlebu menyang dalem Suwela giri


Anoman :

Inggih sumawi kula dherekaken


Mungel Krucilan SL. Sanga. Ringgit sami kabedhol manengen. Medalaken Lesmana, Rama, Anoman, Sugriwa,lan Wibisana. Gendhing suwuk lajeng ginem


Pocapan


Kacarita, Ron Lata mawasandi kausapaken dhateng dadane Sri Bathara Rama. Bebasan nglilir sa nendra temahan waluya jati kados wiugi uni.


Bedhengan


Dhadha muntab lir kinetab, Netra kocak ngondar- andir

Idepnya mangala cakra, Mrebabak wadana pindha Kembang Wora wari- wari bang

Mrebabak abang ponang kembang wora- wari bang



Rama :

Yayi Wibisana


Wibisana :

Wonten dhawuh sinuwun


Rama :

Dina iki aku njaluk patine Indrajid yayi. Awit indrajid wus wani gawe patiku. Apa Sliramu sanggup?


Wibisana :

Nanging Raden


Sugriwa :

He Wibisana yen ora sanggup enggal bali'a menyang Ngalengka tinimbang ora ana guna sliramu ana kene


Wibisana :

Mboten, Mboten sinuwun, kula tetep tuhu dados abdinipun sinuwun Bathara Rama.


Rama :

Yayi yen kaya mangkana kanggo nuduhna prasetyamu marang ingsun. Ingsun nyuwun cara kanggo ngawe patine keng putra Indrajid


Wibisana :

Inggih Sinuwun bab menika ora ana sing sanggup kejaba raden Lesmana mula keparengna raden Lesmana majeng ing Palagan


Rama :

Yen mangkana, enggala mangkat dina iki yayi Lesmana


Lesmana :

Inggih kakang kula nyuwun tambahing pangestu


Rama :

Sing ati- ati yayi aja kaya bocah cilik dak pangestoni. Anoman dherekna ndaramu Lesmana


Anoman :

Inggih sendika mangestuaken dhawuh sinuwun




Mungel Krucilan SL. Sanga. Ringgit sami kabedhol. Medhalaken Indraarum saking tengen kapapag Indrajid saking ngiwa. Ringgit sami rinangkulan. Gendhing suwuk lajeng ginem








Bedhengan


Ayu – ayune ora dijamak

banyu mili samya mandeg

lung- lungan sampun tumanglung

sekar mekar pinethik sang ratune ayu

wong ayu aja cindra semaya



Indra arum :

Duh, kang mas Indrajid


Indrajid :

Ana apa yayi?


Indra arum :

Kok ya tegel tanpa lila bidhal perang kangmas, napa mboten enget jejabang kang kinandut?


Indrajid:

Ora ngono yayi. Jenenge satriya kudu bisa nduduhna darma bektine marang wong tuwa, mula lilanana ya yayi, pun kakang budhal perang


Indra arum :

Yen kaya mangkana lilanana aku melu kakang


Indrajid :

Iki perang yayi yen nganti sliramu kena apa- apa banjur kepriye nasib'e jabang bayi kang mbok kandung. Wus kakang siram jamas sesuci dhisik ya yayi


Pocapan


Kacarita raden Indrajid sigra Siram Jamas Sesuci. Sak marinipun jamas sesuci raden Indrajid ngango busana sarwa petak. Njerit ingkang garwa indra arum.


Indraarum :

Duh kangmas kok kados tiyang pejah ngangem busana sarwa petak


Indrajid :

Iki nandakna suci lahir batinku yayi. Lamun aku kasil mateni Rama lan Lesaman bakal antuk pangalembana saka kanjeng Rama. Sakala aku gugur. Swarga ginayu ayu. Wus yayi aja dibarengi karo tetese luncananaamu. Abekana njronng puja lan puji. Wanti- wantine pun kakang tinggal wekas yen anak kang mbok kandung lahir wadon mbok jenengna mangsabarang . Nanging yen lair lanang jenengna raden Indrajala. Wis yayi pun kakang budhal, nanging aku njaluk sangu mangan bareng karo siadhi


Indraarum :

Mangga kangmas




Pocapan


Kacarita, Raden Indrajid arep dhahar muluk ponang pinungkulan kapireng ungele manuk gagak : gwaokkk gwaook


Indrajid:

Aduh yayi indra arum


Indraarum :

Ana apa kang mas


Indrajid :

Ana gagak yayi


Indraaurm :

Inggih kangmas wontenipun gagak pintanda wonten tiyang ingkang badhe pejah


Indrajid :

wis yayi aja werna- werna sing digagas, pun kakang njaluk pamit


Indraarum :

Ingkang ngatos- atos kangmas


Mungel Krucilan SL. Sanga. Ringgit sami kabedhol. Indrajid Papagan kaliyan Raden Lesmana. Ringgit sami rinangkulan. Gendhing suwuk lajeng ginem


Bedhengan


Bangbang wetan wus ketingal

sumunaring mendhung pethak

yen cinandra kadya ngresepna driya

Bangbang wetan wus ketingal



Indrajid :

Whe Lha Dalah iki ana satriya bagus, nitik lagak lageyane ora pantes yen ta punggawa utawa wadyabala Pancawati. He raden Sejatine sliramu iki sapa?


Lesmana :

Satriya Pancawati raden Lesmana dewa kekasihku. bali sira sapa?


Indrajid :

Raden Indrajid jenengku ya aku kang bakal nigas janggane kakangmu Sri Bathara Rama


Lesmana :

Lha dalah, bisa nigas janggane kakangku yen sira bisa nglangkahi bangkene raden Lesmana


Indrajid :

Ya tak leboni sayembaramu


Lesmana :

Tampanana tangane raden Lesmana


Mungel Ayak SL. Serang. Ringgit perang. Lesmana mudur banjur lumepas jumparing Astra dewa kena sirahe indrajid. Anoman kawedhalaken saking tengen nyandak sirah ingkang kumelayang. Anoman kaentas manengen. Papagan kaliyan ringgit Wibisana. Gendhing suwuk lajeng ginem


Wibisana : Niku napa ki Anoman ?


Anoman : Inggih menika bokor kencana


Wibisana :

Isnipun napa?


Anoman :

Inggih menika


Wibisana :

Napa


Anoman :

Menika


Wibisana :

Duh, Anakku Indrajid, mati sliramu nak



[ Tancep Kayon ]

1 komentar:

  1. Assalamualaikum Salam sejahtera untuk kita semua, Sengaja ingin menulis
    sedikit kesaksian untuk berbagi, barangkali ada teman-teman yang sedang
    kesulitan masalah keuangan, Awal mula saya mengamalkan Pesugihan Tanpa
    Tumbal karena usaha saya bangkrut dan saya menanggung hutang sebesar
    1M saya sters hampir bunuh diri tidak tau harus bagaimana agar bisa
    melunasi hutang saya, saya coba buka-buka internet dan saya bertemu
    dengan KYAI SOLEH PATI, awalnya saya ragu dan tidak percaya tapi selama 3 hari
    saya berpikir, saya akhirnya bergabung dan menghubungi KYAI SOLEH PATI
    kata Pak.kyai pesugihan yang cocok untuk saya adalah pesugihan
    penarikan uang gaib 4Milyar dengan tumbal hewan, Semua petunjuk saya ikuti
    dan hanya 1 hari Astagfirullahallazim, Alhamdulilah akhirnya 4M yang saya
    minta benar benar ada di tangan saya semua hutang saya lunas dan sisanya
    buat modal usaha. sekarang rumah sudah punya dan mobil pun sudah ada.
    Maka dari itu, setiap kali ada teman saya yang mengeluhkan nasibnya, saya
    sering menyarankan untuk menghubungi KYAI SOLEH PATI Di Tlp 0852-2589-0869
    agar di berikan arahan. Supaya tidak langsung datang ke jawa timur,
    saya sendiri dulu hanya berkonsultasi jarak jauh. Alhamdulillah, hasilnya sangat baik,
    jika ingin seperti saya coba hubungi KYAI SOLEH PATI pasti akan di bantu Oleh Beliau

    BalasHapus